Jumat, 28 September 2018

Suroboyoku Kekinian

Assallamualaikum. Wr. Wb

Kita mulai dari perkanalan dulu ya. Panggil saja diriku “Ndot”, karena banyak dari mereka memanggilku seperti itu. Aku lahir di Indonesia, tepatnya di Suroboyo. Berhubung aku Suroboyo Tulen, aku bakale sharing cerito iki nganggo bahasa suroboyoan. Sakdurunge aku arep ngandani rek, nek Dinas Perhubungan Kota Surabaya ngadakno Lomba menulis Blog tentang Suroboyo Bus dan tema seng di muat yoiku Suroboyo Bus Transportasi Masa Kini. Dan aku nyuwun dungane yo rek, semoga kali iki blogku terpilih dadi pemenange. Amin, Allahumma Amin. Karena opo? Karena perjuanganku gawe membuktikan nek saiki Suroboyoku dadi Kekinian penuh cobaan dan rintangan. Ibarat pacaran yo sek onok ae badai menerpa. Hahaha.
Aku bakal sharing pengalaman pertamaku pas munggah Suroboyo Bus. Asline aku pengen ngerasakno yoopo enak e numpak Suroboyo Bus pas pertama kali di umumno bus e bakal beroperasi. Rasane sliwang sliwing nang ati, saben ndelok Suroboyo Bus mlaku nak jejerku. nang njero ati “Kapan yo isok numpak?” yo karo nglamun ngunu kui. Daaan setelah sekian lama, akhirnya cita-cita dan harapanku terlaksana. Khususnya untuk hari ini, hari Jum’at tanggal 28 September 2018 jam e gak di pastikno wedine bleset. Haha, eleng kan aku? Yoiyolah, ibarat hubungan kan mesti eleng tanggal jadiane seh. Nah hari iku, hari kali pertama aku numpak Suroboyo Bus seng kekinian iku. Sak durunge dino jum’at iku, bengine pas aku turu, mimpi numpak bus yo wes janjian ngunu iku karo koncoku. Lah tangi-tangi tak goleki chat whatsapp e kok ora enek, tibak e aku di bujuki rek, tibake aku mimpi. Lakyo cegek sehh. Yowes akhire aku ngajak e ndadak, pas eroh koncoku online whatsapp e langsung ae tak chat, “He tangi.”
Di bales “Wes ket mau, lapo?”
“Onok motor ta? Ayo numpak bis.”
“Ga janjian sek, ga onok motor aku.”
“Yowes ndang adoos cepet, tak sosol. Tak siapno botol e sek.” Akhire aku seng nyusul koncoku plus aku pisan seng ngumpulno botol plastike, perjuangan kan? Hahaha.
Sangking akehne botol seng tak kumpulno, dadine aku gak isok nggowo ijenan. Masio jomlo kan yo butuh pacar. Hahaha. Akhire aku nyusul koncoku di sek, celok ae koncoku “Nek” soale lak nak omah areke di celok “Benek”. Terus mari nyusul Benek aku mbalek moleh maneh, njupuk botol plastike. Kiro-kiro 2 karungan lahh, 1 karung  cilik aqua gelas, 3 kantong plastik besar botol aqua besar, 2 kantong plastik besar botol aqua tangguh. Niat banget kan rek? Yo koyo wong mari mulung ngunu kui, terus ndelok instagrame @Suroboyobus gawe ngecek panggon penukaran sampah e. Sampe belan-belani nganggo Map ben ora kesasar. Karena omahku cidek daerah tambaksari, aku nukernoe nak halte rajawali. Pas totok panggone, aku ngertine lak iku halte rajawali karena ketepakan Suroboyo Bus mandek kunu. Alhamdulillah kan di beri petunjuk. Motorku tak parkir nak Giant Rajawali, amanlah, aku dadi ga kepikiran ninggal motorku ijenan koyo jomlo. Akhire aku nyebrang numpak zebracross, sampe gak kroso botol aquaku sampe akeh seng tibo, akhire di jupukno karo wong, dan di kekno nak aku maneh. Alhamdulillah, Suroboyo gak kekurangen wong apik. Pas totok halte, kabeh botol aqua ne tak kekno bapak e kabeh. Sangking semangate sampe lali gak tak itung disek, teko kono guya guyu kabeh antara aku, koncoku karo bapak petugase. Hahaha. Tambah semangat maneh, aku karo koncoku di kiro jek sekolah loh rek. Padahal wes wanen kabeh rambut e, hahaha. Aku karo koncoku gawe dewe-dewe kartune, ben ketok gaya titik jare. Dan lebih senenge maneh, aku karo koncoku entok 14 stiker di masing-masing kartu. Wahh lakyo surga dunia seh. Karo ngenteni bus berikute teko, aku karo koncoku gawe instastory. Biasalah wedok, sifat alayne metu. Eroh dewekan wedok iku sifate yoopo? Tapi kali iki duduk alay rek, lebih tepate bangga. Bangga duwe kartu e Suroboyo Bus, bangga akhire isok numpak suroboyo bus, bangga lah wes di terimo dadi wargane Suroboyo. Jreng jreng jreng, tibalah saatnya aku sudah berada di dalam bus. Aku longgoh nang panggon seng di gawe umum, mburi dewe seng rodok dukur ikulo. Lah nang kunu iku, seng wes tau numpak pasti eroh. Pas wes mlaku di takoni karo mas-mas e seng ngancani Suroboyo Bus iku. “Tujuannya mana?”
Dengan santai kujawab “Joyoboyo.” Karena memang dari awal kita sepakat turun di joyoboyo. Daann tibalah di halte joyoboyo, dan bus e wes ngaleh adoh teko pandanganku. Pertama e nggolek longgoh seng adem, soale panas pancen jam e mau wes jam 11.an dorong onok 5 menit aku longgoh, koncoku gopoh nggoleki rute. Pas di goleki mubeng halte, gak nemu-nemu tujuan rute selanjute. Yo ngakak dewe sih, harap di maklumi kita masih polos dan anak rumahan. Haha. Podo-podo nyalahno e pisan “Sakjane iku mudun bungurasih ae, ganti bus nak kono.”
“Sopo seng njalok mudun kene?” jareku.
“Yoweslah, enteni ae.” Niat e seh kate moleh mlaku, gak suwe titik bus tumpuke muncul. Lakyo rejeki anak sholeha talah. Akhir e numpak bus tumpuk seng nak tingkat 2, mudun bungurasih. Mbalek e aku numpak Suroboyo Bus maneh, totok halte rajawali jam 3.an sore. Gilaaaa, ket isuk sampe sore waktuku cuman gawe berduaan karo Bus e Suroboyo seng keren-keren iki. Gak nyesel dah, belani sampe moleh sore.
Kesimpulane, seng tak rasakno selama 9 jam gawe Suroboyo Bus lan Bus tumpuk Bank Mayapada iku, menyenangkan, nyaman, mlaku-mlaku adoh gak kepanasen, onok seng di prioritasno pisan, onok hiburane pisan di setelno lagu-lagu, lagu dangdut yo onok kok. Onok suarane mbak-mbak google pisan, setiap kali arep mandek nang halte utowo rute selanjute. Ngomonge yo nganggo Bahasa Suroboyoan gak lali pisan di jejeli Bahasa Indonesia. Tujuane, ehh sopo ngerti onok bule numpak Suroboyo bus, ben isok ngartikno bahasa Indonesiane ngonolo. seng dorong numpak, monggo ndang numpak selak entek bus e. carane gampang kok tinggal nyiapno ae 10 biji aqua gelas, 5 biji aqua botol tangguh, lan 3 biji aqua botol besar, wes langsung ae tukerno botol plastike nang halte rajawali utowo halte purabaya yo isok kok. lah lak wes di tukerno sebagai gantine bakal di kasiki kartu lan stiker kanggo numpak bus e kok rek. rute awal e nang rajawali lan rute terakhir sekalian ganti bus e yo nang halte purabaya kui. bus tumpuk bank mayapada pisan kok, cuman bedane bus tumpuk e gak mandek nang rajawali, tapi nang pahlawan. pisan maneh, 1 stiker berlaku kanggo 1 orang, dan 1 stiker entok free 2 jam, dadi isok di gawe budal moleh utowo 2 rute. lak wes melebihi 2 jam yo kudu gawe stiker anyar. yoopo gampang ora? iki mah kegampangen rek. wes ayo ojok kesuwen ndang podo numpak kabeh lan rasakno sensasine. ehh kurang 1 onok seng lali rek, 1 kartu yo isok di gawe rombongan loh, tapi ojok lali jumlah stikere kudu podo karo jumlah rombongan e. enak opo enak? yo jelas enak banget rek.
Nggeh pun. Matur Suwon kanggo arek-arek sekalian seng purun moco blogku, gak lali pisan. Matur Suwon kanggo Dinas Perhubungan Kota Surabaya lan Wali Kota Surabaya Bu Risma (Tri Rismaharini), semoga selalu sukses membangun kota masa depan yang cerah. Amin.
Waassallamuallaikum. Wr. Wb






4 komentar: